Lirik Sholawat Sholli Wasallim Daiman dan Syi'ir Jawa - Habib Syech

Nah, bagi kalian yang gemar mengikuti sholawatan Habib Syech alias Syecher Mania, tentu kalian faham akan syi'ir ini.
 
Sholawat Sholli Wasallim Daiman yang didalamnya ada syi'ir jawanya. Sama seperti Tholama Asyku Ghoromi dan Artinya :
 
Berikut lirik selengkapnya :
 
 
Sholli wasallim daiman ‘alahmada
Sholli wasallim daiman ‘alahmada
Wal ali wal ashhaabiman qodwahada
Wal ali wal ashhaabiman qodwahada

Ayo do ngurangi nonton televisi
Timbang nonton tivi luwih becik ngaji
Ahbabul musthofa wadah kanggo ngaji
Kumpul poro Habaib lan poro Kiyai

Eman temen wong kang ninggal sholat wengi
Saben dhalu turu ora gelem tangi
Sholat wengi ngono disenengi gusti
Sopo gelem nyuwun mesti diparingi

Yen pengen nyenengne atine kanjeng Nabi
Ayo bareng-bareng sregep melu ngaji
Yen atine karep mesti ora bali
Saben wayah ngaji ora tau keri

Ayo bareng-bareng mangkat pegajian
Kanthi ati seneng arep sholawatan
Ngajak tonggo-tonggo nganakne rombongan
Colt brondol disewo urun mangewunan

Klambine you can see utowo press body
Mbukak aurote ora nduwe wedi
Ngono kuwi podo karo mbukak wadi
Bakal nrimo sikso besuk yen wis mati

Lanang karo wadon podho keluyuran
Pamit nang wong tuwo jare pengajian
Ing nyatane malah dho p*car-p*caran
Budhal soko ngaji dho bonceng-boncengan

Lanang karo wadon manggon sepi-sepi
Nyanding sengg*l-senggol koyo kebo sapi
Ngono kuwi duso nurut coro nabi
Ojo diterusno yen durung dir*bi

Sholat limang wektu ayo podho njogo
Jama’ah ing masjid bareng sak keluargo
Urip kroso enteng nalika ing dunyo
Ganjarane gedhe manggon ing suargo

Yen sholat kes*su ora biso pernah
Rukuk lan sujude ditoto sing nggenah
Sing khusuk lan khuduk ugo tuma’ninah
Ngerteni sing wajib lan ngerti sing sunnah

Akeh bocah podho matur tahlilan bid’ah
Akeh bocah podho matur yasinan bid’ah
Bapak ibu ora jawab sebabe susah
Durung-durung anak iki kok ora genah

Akeh mantu podho matur sholawatan duso
Akeh mantu podho matur wiridan duso
Moro tuo ora jawab sebabe kroso
Durung-durung mantu iki ternyata loro

Yen rumonggso sugih itungen dunyone
Bagian zakate ojo dilalekne
Dulur karo tonggo sing podo miskine
Kabeh podho nunggu zakat bagiane

Yen karo tonggone sing apik atine
Yen kahanan longgar mikiro butuhe
Sajak perlu utang enggal diparingne
Nanging ojo nganti njaluk anak ane

Ojo seneng guyon yen waktu ngaji
Opo maneh SMS mlaku riwa riwi
Lungguhe sing anteng rungokno sing ti-ti
Ngilmune manfaat kanggo sangu mati

Eman lo wong ngaji campur lanang wadon
Campur lanang wadon lamun dudu mahrom
Biso-biso malah nglakoni sing harom
Ilmu gak manfaat rusak malah klakon

Eman temen wong kang gelem tuku nomer
Tombok sak bendino kok yo ora blenger
Rumongso wes akeh nanging ora bener
Wajib ditinggalno ben ora keblinger

Posting Komentar untuk "Lirik Sholawat Sholli Wasallim Daiman dan Syi'ir Jawa - Habib Syech"

close